Minggu, 15 Februari 2015

LEGENDA KERATON GILING WESI

LEGENDA KERATON GILING WESI

Nalika jaman semana, ing tlatah tanah Jawa tengahana salah sawijining keraton. Keraton kuwi arane Keraton Giling Wesi. Keraton Giling Wesi mapan ana ing tlatah Kabupaten Pati ing isih lor, sakulone Kecamatan Gunungwungkal. Raja ing Keraton Giling Wesi asmane Prabu Kala Pracana.
Prabu Kala Pracana duwe piranti gilingan wesi kang ajaib. Saben dina kang keramat, yaiku malem Jum’at Wage, mesin mau urip dhewe sanajan ora ana kang nguripake. Prabu Kala Pracana duwe putr kang sulistya ing warna kanga ran Raden Ayu Cempawati. Raden Ayu Cempawati pancen ayu banget, mula akeh para mudha kang padha kesengsem lan kepingin mundhut garwa. Prabu Kala Pracana uga duwe patih kanga ran Patih Sekipu kang mapan ing tlatah Ngrancang. Patih Sekipu nduweni putra kang gagah prakosa, dedege dhuwur, gantheng lan pidegsa.
Salah sawijining dina, putrane patih mau kepingin nggarwa karo Raden Ayu Cempawati. Patih Sekipu banjur takon marang putrane “Apa bener putraku wis kepingin mengku wanita? Wanita saka ngendi kang dadi gegayuhanmu nak?” Banjur putra patih mau mangsuli, “Ora liya ya kuwi Raden Ayu Cempawati, putrid Prabu Kala Pracana.”
Patih Sekipu krungu wangsulan putrane mau banjur nyarujuki. “Wis, aja kuwatir putraku, rama sing arep nglamar marang putrid Prabu Kala Pracana.” Dina sing digadhang-gadhang wis teka, banjur Patih Sekipu nglamar menyang keraton. Uga rampe lamaran wis cumepak. Cepuk kang isine emas, kalung, cincin lan gelang digawa minangka lamaran.
Pati Sekipu sowan ing pendhapa Keraton Giling Wesi didherekake punggawa kepatihan lan putrane. Rawuhe Patih Sekipu ditampa kanthi hormat. Banjur Prabu Kala Pracana ngandika, “Ana pari gawe apa dene sowanmu didherekake karo punggawa kepatihan lan putramu?” Patih Sekipu nuli paring wangsulan menawa sowane arep nglamar Raden Ayu Cempawati, dijodhokake karo putrane. Bareng krungu wangsulane Patih Sekipu, Prabu Kala Pracana banjur murka, lamaran Patih Sekipu ditolak. Malah-malah Patih Sekipu disabdakake yen tutuke kaya buta. Patih Sekipu lara ati, banjur mulih menyang kepatihan Ngrancang Kencana karo nyabdakke supaya saketurunane ora kena bebesanan karo wong Giling Wesi. Menawa ana sing nerak, bakal ciri mripate.
Prabu Kala Pracana banjur ngajak tandhing karo Patih Sekipu, lan disarujuki. Tetandhingan mau ana ing alas Jurang Giling. Pepuntane, Patih Sekipu unggul lan Prabu Kala Pracana banjur keplayu ngidul parane, kedlarang-dlarang tekan alas lan ndhelik nylingker. Nanging Patih Sekipu isih weruh, banjur Prabu Kala Pracana mlayu maneh karo nyabda alas kang kanggo ndhelik mau. Yen ana reja-rejaning jaman alas mau diarani Desa Mbengker. Patih Sekipu terus ngoyak playune Prabu Kala Pracana kang ngulon parane. Patih Sekipu kelangan lacak ora weruh ndhelike Prabu Kala Pracana, banjur Patih Sekipu mulih ing Keraton Giling Wesi. Bareng wis aman, Prabu Kala Pracana metu anggone ngumpet. Jebule, Prabu Kala Pracana ndhelik ana ing alas Glagah. Prabu Kala Pracana banjur paring sabda, yen ana reja-rejaning jaman, alas kang kanggo ngumpet mau menawa dadi desa aranana Desa Glagah. Prabu Kala Pracana banjur mulih ana ing Keraton Giling Wesi. Nanging sawise tekan Mbengker, Prabu Kala Pracana banjur ilang sak ragane. Dadi Prabu Kala Pracana ora mati, nanging sumurup ana ing tlatah Mbengker.



Narasumber   : Sudiyono, S.Pd.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Komentar